Jumat, 19 Agustus 2016

TANGGAPWARA BUPATI KARANGANYAR ING TATACARA

Monggo monggo pinarak teng blog kulo,, hehe..
Logat jawa saya enggak karuan itu kak,, selamat datang di info bermanfaat,
Kali ini ane mau share contoh sambutan atau dalam bahasa jawa disebut tanggapwara,,
Ane mau ngambil contoh sambutan atas nama bupati yaa, bisa juga di ganti kok,,
Baiklah langsung aje ini dia..
Jeng jeng jeng... :

TANGGAPWARA BUPATI KARANGANYAR
ING TATACARA

Assalamualaikum wr.wb.
Ingkang kinurmatan Pangarsaning Badan / Kantor/ Dinas/ Instansi ing wewengkon Pemkab Karanganyar. Ingkang kinurmatan ketua panitia saanggotanipun lan Para rawuh saha tamu undangan ingkang bagya mulya.
Langkung rumiyin sumonggo kita sesarengan ngaturaken puji syukur ing Ngarsanipun Gusti Allah ingkang sampun paring rahmat, hidayah lan inayah dhumateng kita sedoyo. Saenggo ing wanci menika kita saged makempal wonten ing adicoro Sumpah Pemuda kanthi sehat wal afiat.
Saderengipun kula ngaturaken matursuwun dhumateng pranatacara ingkang sampun paring wekdal kangge kula matur dhumateng ngarsa panjenengan sedoyo.
Ingkang sepisan Kula minangka Bupati Karanganyar ndherek mangayubagya ing pengetan  Sumpah pemuda menika. Pandonga kunjuk dhumateng Allah SWT,mugi-mugi ing Sumpah Pemuda menika, para pamuda kita saged dados pamuda engkang kreatif lan sregep anggenipun mados ilmu.
Isi Sumpah Pemuda wajib kita lestarikne lan di amalke kagem wujudake pangareparep cita-cita kamardikan urip makmur, adil, lan sejahtera. Yaiku minangka pelajar/murid kita wajib semangat lan mempeng anggenipun sinau lan minangka pamuda ingkang usia produktif kedah semangat lan sregep anggenipun nyambut damel ngisi pembangunan bangsa.
Para rawuh ingkang bagya mulya,
Mekaten sekedhik ingkang saget kula aturaken. Sepisan malih kula ngaturaken swilujeng mengeti dinten Sumpah Pemuda. Mugi-mugi Pamuda lan Pamudi saged dados pamuda-pamudi ingkang luhur ing budi. Amin
Matur nuwun,
Wassalamualaikum wr wb.

Mungkin dapat jadi referensi buat kakak kakak semua,, jika ada salah kata ane mohon maap yg sebesar besarnya, semoga bermanfaat...


Tidak ada komentar:

Posting Komentar